Pages

Rabu, 05 November 2014

Udan Wanci Sore

Mendung tansah kumalungkung ing cakrawala
Nganti ora weruh angslupe srengenge, 
podo karo lungamu kang ora ono kabar pamite, 
ilang ngono wae

lan bebarengan karo bantolo kang anyes keno teles
atiku ugo soyo nggrantes
duh kenya, mangertiya
Riwis2ing udan wanci sore, 
mesti tansah nggiring pikirku tumeka kowe
Saben tetes e ana tresna, 
uga ana lara lan kabehing rasa 
kang nate karaos sira
Kapan maneh bisa nyandhing nyendhe, 
barengan nyawang udan wanci sore
mung aku lan kowe 
nyambi crito lara lapa ne awak dewe kyo biyen kae
Nanging akeh sambat yo wis telat, 
slirane wis bacut lunga nglangkahi janji
Pungkasane, donga lan pangajabku, 
mugo isih siso sih welas tresna kanggo aku 
sing durung kesel ngantu teka balimu.

untuk gadis diujung surakarta :)

0 komentar:

Posting Komentar