Pages

Jumat, 24 Desember 2010

kowe kuwi

berikut ini sebuah geguritan yaitu puisi dalam bahasa jawa, yang saya tulis sendiri beberapa waktu lalu dan baru bisa saya post :)



y isih ora percaya wong kwe dekben kya ngana ning saiki wis dadi kaya ngene
jaremu biyen arep tetep ngana nganging jebule beda
ngana apa ngene

nanging apa y wis ra kelingan
biyene
ngalor-ngidul, seneng-susah,
luntrang-luntrung
nyanding nyende bebarengan
ngendikamu "kanca sak dawaning dawa"

ora arep gumun
ora arep kaget
uga aku wis ora arep sambat
amarga saben uwong uwis sangu lelakone dewe-dewe
kowe piye aku piye
aku ora arep isa ngapa-ngapa
amarga apa sing wis nyata
lan uga sing wis ketok neng ngarep mata
diapak-apakno kabeh wis beda

nanging tak kandani lan tak wanti2
kwe aja sumelang
rasa kang kasebut kanca
bakale tansah tak jaga
ora mung ana lathi nanging uga ing ati
y mung kanggo KOWE KUWI

inti dari puisi tersebut adalah masalah persahabatan, dimana seseorang yang berjanji untuk menjaga persahabatannya biarpun temen yang dia maksud itu sudah berubah dan mulai melupakan persahabatan mereka....y kira2 seperti itulah.......... :)

0 komentar:

Posting Komentar